Aku pingin crita. Dawa. Nanging apa kowe kuwawa? Aku kuwawa?

Eka sawiji, bumi dununging titah. Dwi loro, sawah unggyan tetuwuhan. Tri telu, tirta pasabaning mina. Catur papat, akasa pasabaning iber-iberan. Panca lima, ardi pikukuhing jagad. Sad enem, janma pranataning bawana. Sapta pitu, ratu janma nabining bumi. Hasta wolu, pandhita kang bentur tapane. Nawa sanga, dewa panutaning janma. Dasa sepuluh, tetengering kasampurnan.

Gara-gara ing mangsa katiga. Bumi kelang-kelangan, tan ana udan, lamun ana kepara salah mangsa, karya curesing tetuwuhan. Siti samya nela anjurang cerung isi gegremetan mawa wisa. Sato kewan pating bilunglung tambuh-tambuh paraning marga. Panas anggegirisi tan antuk pangeyuban, temahan pejah pating selebar sapara-para. Kathah tetanduran tanpa tuwuh, cures dening sepining tirta, tambuh-tambuh kaalap dening sato kang tan antuk tetedha. Curesing tetuwuhan anjalari sepining boga. Kathah janma kasangsaya. Culika angambra-ambra rebut gesang tan wigih tindak durhaka. Sato tirta, mina raksaka sapepadhane sami kasangsaya ingendi-endi, panas tan antuk panonoban. Kang alit-alit pejah dadya mangsa kang ageng-ageng, bebasan ana titah mangan rowang katemahan. Iber-iberan tambuh-tambuh paraning ngungsi pangayoman, memangsan saged pinangguh, temah samya pejah tumibeng bantala, pating selebar pating beseser saenggen-enggen. Gunung pepathoking jagad njomplang, kang bumi tan timbang, jugrug karya sangsaya. Lindhu bebasan ping selikur sedina, karya rusaking wewangunaning bumi. Janma kathah-kathah kasangsaya, pepati angambra-ambra, kang rosa mangan kang ringkih, sirna pranataning madyapada.

Ratu tan kuwawa ngendhak kang gara-gara, jer muhung titah sawantah tan kantun kapanduking baya. Pandhita adreng memuja, meminta sih nugrahaning bathara sirepa kang gara-gara. Samya lumajeng ing pucuking arga, angudanaken sekar-sekar, lumrang kang banjaran sari, nanging tan kendhak gara-garaning bumi. Temah samya pasrah ing jawata, pepuntoning nala sumarah mring Kang Kawasa, yen karsa anglebur bawana. Dewa kena lara tan kena ing pati, nandhang kasangsaya tan taha-taha. Sampurna wijiling gara-gara, ing bawana sintru, peteng ndhedhet, kilat thathit sesonderan, dhedhet erawati ngakak, kumitir pethite Hyang Anantaboga, sungune lembu Andini, kawah Candradimuka kinebur, mbleber lendhut blegedaba luber mring bumi, tambah-tambah karya kasangsaya.

Enggar tyase Kang Murbeng Titah, wus andadar kahananing madyapada, minangka paenget-engeting janma mring Kang Akarya Jagad.

Parandene ana titah awujud bajang sakembaran. Siji anggawa pecut karsanya anggiring maruta, sajuga anyangking bathok bolu, sanggupe arsa nawu sagara. Kekarone papagan ing dlanggung prapatan, sulayaning rembag dadya pancakara, dreg-udregan rebut unggul, wijining kang gara-gara!

Wau ta, sasirnaning kang gara-gara. Ing bang wetan katon ana teja manther sasada lanang gedhene. Sasirnaning teja kasilak pelataran jembar tanpa aran tanpa tetuwuhan. Kebon Suwung. Ana bocah lanang methik kembang. Terus dibuwang. Methik maneh. Dibuwang maneh. Tekan sore. Banjur lunga mangetan. Banjur ana bocah wadon teka. Tawang-tawang tangis weruh larahan kembang. Nuli jengkeng njumuki siji mbaka siji. Ditata sandhuwuring pager bata.

Saiki kekarone wis samya gedhe. Wis nemu margane dhewe-dhewe. Nuju sawijining dina sing lanang kelingan yen nate mbuwang kembang. Kelingan nate mlayu mangetan.

Gurawalan sing lanang ndhodhog lawang arupa alang-alang. “Bu, aku bali.”

“E, kene mlebu kene. Bocah nakal.”  Suwarane keng ibu babar pisan ora owah. Isih kaya rongpuluh tahun kapungkur.

“Aku kangen banget karo ibu. Ibu kangen karo aku apa ora?”

“Ora. Rambutmu kok kebak awu? Tekan ngendi wae kowe?”

Bocah lanang kuwi mung tumungkul. Kaya bocah cilik sing keweden marga mulih dolan kesoren.

“Mesthi dolan neng kedhung maneh. Bocah kok ra isa dipenging. Anake sapa kowe? Apa pingin dadi wadale kedhung kaya Sugeng kae pa?”

“Bapak ra bali, Bu?”

“Dipangan asu, paling.”

Sakloron tetangisan. Ibu lan anake. Wong wadon lan sanggane.

Leng-leng gatining kang. Awan saba-saba. Nikeng Ngastina. Samantara tekeng. Tegal milu ring karya. Krena lakunira. Parasu Rama. Kanwa Janaka. Dulur Narada. Kapanggih ing ika. Jumurung ing karsa. Saparti tala. Sang bupati.

“Aku wis ora wani ngarep-arep kowe bakal bali, kaya bapakmu. Ben. Kareben ta wengi sepi-sepi wae. Ora perlu ana pangarep-arep, wulan lan lintang. Ora perlu ana apa-apa. Lan saiki kowe bali. Rambutmu kebak lebu. Ana apa? Rak ra ana apa-apa, ta? Ora perlu ana apa-apa.”

“Niyatku ya ora bali. Ora pisan-pisan bali. E, jebule malah bali. Dalanne muter. Ujug-ujug nemu lawang butulan mburi omah. Rumangsaku aku wis mlayu adoh. Ora mengo mburi babar blas. Jebul…”

“Lawange wis mboknepke durung? Engko mundhak asu-asu ajage dha mlebu.”

“Aku kangen banget karo ibu. Ibu kangen karo aku apa ora?”

“Ora.”

Si ibu ngelus-elus rambute si anak. Nggoleki lingsa, tuma, sindap lan cerita sing nyelip saselane rambut kaku iku. Siji-sijia ora ana sing ditemu. Kalebu luhe rongpuluh tahun kapungkur. Banjur mungkur. Ethok-ethok gawe kopi.

“Jarene kowe arep bali. Endi? Jarene: Aku arep bali. Niti dalan kawuri. Entenana neng bon suwung. Aku bali numpak naga Taksaka. Mau sore Parikesit nembe wae mati. Bathange dilarung neng bengawan Silugangga. Ra nganggo donga. Ra nganggo upacara. Ben. Kareben wae. Sing terang aku arep bali. Entenana!”

“Galo kopine wis dadi. Ndang diombe. Mundhak kesusu adhem.”

“Bapak durung bali pa, Bu?”

“Mbuh. Kaya-kaya aku mau ya krungu swarane. Ning embuh. Dipangan asu, paling. Ora. Kowe ki ngenteni sapa?”

“Pacar.”

“Sing endi? Sapa? Sing biyen tau mbokgawa mulih kae pa? Sing rambute dawa? Sing mbokceluk-celuk saben wengi kae pa? Sing endi? Ibu kok lali.”

“Pacarku sing anyar.”

“Sapa jenenge?”

“Aku ra ngerti.”

Jroning naga Taksaka. Bocah wadon turu kepati. “Tulung, gawanen mlayu awakku iki. Saisamu, saadoh-adohmu!” Mangkono panjelihe sadurunge. Marang sapa?

Nom-nom lanang neng jejere gawe puisi. Babagan bocah wadon sing turu kepati. Diwaca sepisan, kelingan Markues, kertas kuwi banjur disuwek-suwek, disebar sadawane rel. Weruh ana puisi diburke, mbak pramugari gage teka nggawa wedang kopi. Cangkire ijo cilik banget. Plastik.

Sing lanang nggugah sing wadon.

“Galo kopine wis dadi. Ndang diombe. Mundhak kesusu adhem.”

“Wis tekan endi, Mas? Wis tekan Bon Suwung apa durung?”

“Dhik, kreta iki arep neng Jogja. Aku ra ngerti bon suwungmu kuwi mapan nang endi.”

“Aku ra ngerti. Biyen aku tau nandur luhku nang kana. Takrabuk tai babi seminggu sepisan. Banjur tuwuh ngrembaka. Godhonge akeh, ijo royo-royo, mabur-mabur saben sore. Pendhak-pendhak yen lagi pingin, aku lingguh sangisore, angon angin. Banjur tekan mangsane sekolah. Bocah-bocah ra tau bali maneh aneng omah. Terna aku neng papan kuwi, Mas.”

Buta Pandawa tata gati wisaya. Indriyaksa sara maruta. Pawana bana margana samirana.

“Wis, menenga, Dhik. Adhiku, kae mbulane ndadari kaya ndhas buta nggilani.

Janjane aku pingin crita. Dawa. Nanging apa kowe kuwawa? Apa aku kuwawa?

Sawijining sore aku weruh kowe. Playon aneng pelataran jembar. Ora ngoyak kupu. Banjur mandheg. Mangu. Ngadeg sangarepe larahan kembang srengenge. Kowe nembang, mbuh tembang apa, aku ra nate krungu. Kira-kira gatra kaping lima tanganmu wiwit njumuki kembang sing pating blasar iku. Nuli kotata sandhuwuring pager bata. Kaya mangkono. Makaping-kaping.

Ora. Kowe ora nangis.

Wengine layon-layon kembang kuwi ngreridhu impenmu. Kowe kagum-kagum. Nyeluk sawijining jeneng. Mbuh jenenge sapa aku ra kenal. Lan jeneng sing koksebut-sebut kowe ora enggal teka. Mangkono nganti wengi tangi.

Esuke aku teka nggawa bang-bang wetan takbungkus kertas koran. Kowe ra doyan. Eman. Kowe mung meneng. Ngekep dhengkul. Tumungkul.

Ora. Kowe ora nangis.

Aku ngerti kowe pingin crita. Dawa. Nanging kanggo sapa?

Mangsa udan. Kowe kedanan udan. Ra enggal waras. Ra enggal menyat saka kursi taman lan layat neng omahku, bangsat. Ora nyekar neng kuburanku. Apa maneh ndonga kanggo dongeng-dongeng lawas. Ketiwasan. Aku kebacut mati. Lan kowe ora enggal ngerti.”

“Sepuramu sing gedhe, Mas. Aku ra isa apa-apa maneh saliyani njaluk pangapuramu. Lan kang pungkasan, tulung terna aku tekan bon suwung.”

Stasiun Tugu. Sing lanang mlaku mangetan. Gujengan lintang dhewekan ngudang parak esuk. Aku pingin golek bun sing padha karo luhmu, kaya ngono pamitane marang sing wadon. Sing wadon mbengok, nanging wis kelangan enggok. Sing lanang wis ilang neng prapatan.

Jogjakarta, 2002

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *